Mleteke Srengenge katon sumringah
Gilar-gilar ngemu pitakon
Sorote menthar nrajang wuwungan penggayuh
Semilire angin miyaki sakabehe rasa sujono
Aku sumeleh, nyelehke pangarep-arep
Marang Kang ngripto sakabehe jagad
hmm.......
hmm.......
Sawangen bocah lelomban ngundha layangan
Tansah wasis lan prigel moco kahanan
Goroh lamun udan ngundha layangan
Manuk Sriti kemleyang ngangkasa
Miber duwur ngayahi wajib
akabehe rasa sujono
Aku sumeleh,nyeleh
Angete Srengenge wis dadi panas
Nyecep sakabehe mbun kang nggawe adem
Semilire angin sigeg mandhek
Dadi konco setyo panase rasa
Ndadheke kembang Dadi alum
Nadyan tan kendat udyan waspa nyirami gulutan-gulutan pangrasa
(Semeleh)